Warung Barokah sik rame Emak-Emak belonjo. Bapak-bapak
sik durung ketok blas. Lah iyolah sik jam enem isuk. Paling sik podo ngeterno
anak e sekolah. Lek nggak ngono y0 sik mlungker nang kasur. Mak Sur lek isuk
pancen dodol lijoan. Jam 4 isuk wis dasar. Sayuran, bumbu lan konco-konco plek
e wis jangkep. Mari lijoan sepi, Mak Sur baru masak gawe warung.
Ket mulai ngono warung ruame. Podo ngomong pating
cruet. Jian koyok pasar ae. Cak Yo sampek gedheg-gedheg saking ramene. Kabeh
podo ngomongno demo nang Pak Lurah wingi. Demo wingi sampek parak bengi. Mak
Sur karo Pak Yo budhal kulakan jam 2 isuk sik akeh wong cangkruk-an nang njobo.
Mak Rah : Jian nemen kok. Mosok karo tanggo dewe cek
tegone. Koyok gak eling ae engkok lek mati sopo sing ape ngusung mayite.
Mak Tin : Niku awal-e pripun to, Mak. Kok sampek
gebuk-gebukan ngonten.
Mak Rah : Wak Jan, besan e Pak Lurah iku, nekakno
anak buahe sak arat-arat. Jogo nang ngarepe kelurahan. Ngedang-ngedangi wong
demo. Pas wayahe wong-wong ape buyar moro-moro sing barisan ngarep iku
disurung-surung. Onok sing dijongkrok-no.
Mak Tin : Lah. Olaopo kok disurung, dijongkrokno
barang?
Mak Rah: Dikon ndhang buyar, Jeng. Lah wong sakmono
akehe. Dalane sempit. Lek sing mburi dewe mlakune alon-alon. Sing ngarep dewe
lak yo melu alon mlakune.
Mak Tin : Tiang-tiang sing ngarep mbales ya, Mak?
Mak Nah : Yo jelas, Mbak. Diseneni karo wong-wong
lah kok malah ngeyel. Onok sing moro-moro ngantem wong kene. Wong kok gak duwe
udel. Atase wong bayaran ae koyok wong sing paling kuoso. Jangan asem rong ewu,
Mak Sur.
Mak Sur : Yo, sik antri. Iki Mak Ni sik durung mari.
Mak Rah : Langsung rame wis. Antem-anteman. Podo
nggak terimone. Nggak kenek dikandani. Aku ngene iki poleh melok mangkel. Anakku
yo diantemi soale.
Mak Ni : Podo, Nyah. Aku anak loro karo bojoku. Teko
omah bengep kabeh. Sing ragil iku sampe mimisen suwe. Aku yo melok getem-getem
ngene iki.
Mak Rah : Iku wingi lek gak ditekani marinir, nggak
ngarah buyar. Wong-wong dikon buyar marinir yo lngsung nurut. Padahal mek
diomongi tok. Nggak kathek digepuki.
Mak Sur : Yo iyalah. Kene lak menungso duduk sapi.
Yo lek nggusah sapi ngono digebuki.
Cak Yo : Sabar, Bu. Sabar.
Mak Sur : Poleh melok emosi ngene iki, Pak.
# # #
Repot pancen lek kene wong sing mentale aji mumpung. Mumpung besan e pejabat. Iso polah sak akrepe dewe. Piro suwene sih jabatan lurah iku. Ojok sampek besan wis nggak dadi lurah wong sak jagat kerat buak idhu nang rai. Nauzubillahminzalik. Amit-amit jabang bayi.
Komentar
Posting Komentar